Tegesipun aji = ratu, pameleng = pasamaden; mengku pikajeng :  tandaning sedya ingkang luhur piyambak. Dene empaning pandamelan wau  winastan manekung, pujabrata, mesu budi, mesu cipta, ngeningaken utawi  angluhuraken paningal, matiraga lan sasaminipun.
Papan ingkang kangge nindakaken wau panepen, panekungan, pamujan,  pamurcitan, pamursitan, pahoman, paheningan lan sanes-sanesipun. Dene  wedharing kawruh winastan daiwan, dawan, tirtaamerta, tirtakamandhanu,  tirtanirwala, mahosadi, kawasanan, kawaspadan, kawicaksanaan,  sastracetha, utawi sastrajendrayuningr at pangruwating diyu lan  sapanunggalanipun.
Menggah pigunanipun kawruh lan pandamel wau, perlu kangge sarananing  panembah murid manggih kawilujengan, margi saged anindakaken dhateng  sawarnaning pandamel sae, punapadene kangge sarana duk kita darbe sedya  nunuwun kanugrahaning gesang kita pribadi (Pangeran), inggih nunuwun bab  punapa kemawon ingkang limrah kenging linampahan saking pandamel kita  ingkang boten tilar murwat.
Wondene purwanipun ing jagad teka wonten kawruh pasamaden, bilih  miturut saking tembung-tembungipun , sanyata kathah ingkang nagngge basa  Sansekrit; yen makaten tetela manawi wimbaning kawruh pasamaden wau  saking tumitising kawicaksananipun bangsa Indhu ing jaman kina makina,  ingkang sampun boten kasumerepan petang ewoning taun. Bokmanawi kemawon  papantaranipun kalihan nalika bangsa Indhu amurwani iyasa candhi dalah  reca-recanipun. Dene kawruh wau ing sakawit inggih namung kangge bangsa  Indhu, boten nawang bangsa Indhu ingkang agami punapa kemawon,  katamtokaken mesthi ngrasuk pasamaden. Awit inggih namung kawruh  pasamaden punika ingkang dados mukaning saliring kawruh sajagad, lan ugi  dados pangajenging piwulan agami.
Ing ngalami lami bangsa Indhu sami lumeber dhateng ing Tanah Jawi lan  sanes sanesipun, serta sami anggelaraken agaminipun tuwin kawruh sanes  sanesipun; makaten ugi kawruh pasamaden inggih boten kantun. Kawruh  pamasaden wonten ing Tanah Jawi saget ngrembaka tuwuhipun, margi bangsa  Jawi tan pilih drajad sami remen puruita lan saged nandangaken dating  pangolahing kawruh punika, awit kawruh wau saget nocoki kalihan  dhadhasaring pamanahipun titiyang Jawi, mila kalayan gampil rumasukipun  wonten ing balung sungsuming titiyang Jawi. Kasembuh malih saking  kathahing bangsa Indhu kados sinuntak sami angajawi, nedya anggelar  agami Jawi lan kawruh kawicaksananipun. Bebasan sakedeping netra, bangsa  Jawi ing sa’indhengipun maratah sampun sami angrasuk agami Indhu, lan  ugi sampun sami saget ngraosaken kabegjan, kamulyan, kawilujengan lan  sasaminipun, margi saking wohing kawruh pandamel wau.
Ing wusana katungka dhatengipun titiyang bangsa Arab sami lumebet ing  Tanah jawi, ingkang ugi ambekta kawruh lan agaminipun Mohammad, kasebut  agami Islam, temah nyunyuda tumangkaring agami Indhu, sebab lajeng  wonten ingkang angrasuk agami Islam. Namung kemawon wedharing agami  Islam boten andarbeni kawruh pasamaden, kados kasebut ing nginggil.
Sareng golonganipun tiyang Islam sampun saget ngendhih Nagari, inggih  punika adeging Karaton Bintara (Demak), ing ngriku lajeng angawisi  kalayan kenceng, titiyang Jawi boten kenging anindakaken kawruh  pasamaden, mekaten ugi sami kinen nilar agaminipun lami, serta kedah  santun angrasuk agami Islam.
Ananging boten ta manawi bangsa Jawi lajeng anut purun santun agami  Islam sadaya, purunipun wau namung margi saking ajrih paukuman  wisesaning Nata, dados Islam-ipun wau namung wonten ing lahir kemawon,  utawi Islam pangaran-aran, yen batosipun taksih angrungkepi agamipun  lami. Milo bab kawruh pasamaden inggih taksih lajeng katindakaken,  ananging pamulang pamedharing kawruh pasamaden wau, ingkang karan nama  wejangan (wijang-wijang) sarana lampah dhedhemitan, katindakaken ing  wanci ndalu sasampunipun jam 12, ugi papaning pamejang boten kenging  kaubah wangon, kadosta ing ara-ara, ing wana, ing lepen lan sasaminipun  ing papan ingkang sepen. Pamejangipun srana bisikan boten kenging  kapireng ngasanes, sanadyan suket godhong, kewan tuwin bangsanipun  gegremetan kutu-kutu walangataga ugi boten kenging miring, yen miring  lajeng malih dados manungsa. Mila linggihipun Kyai Guru ajeng-ajengan  aben bathuk kaliyan pun murid, serta sanget pamantos-mantosipun Kyai  Guru, pun murid boten kenging nularaken wewejanganipun (kawruhipun)  dhateng tiyang sanes, bilih dereng angsal palilah Guru, yen nerak bade  angsal wilalat manggih sapudendhaning Pangeran. Panindak ingkang mekaten  punika, purwanipun namung tetep kangge panjagi, supados pamulanging  kawruh pasamaden boten katupiksan dhateng pamarintahing agami Islam.  Sebab yen ngantos kasumerepan, tamtu manggih pidana.
Dumuginipun ing jaman samangke, sanadyan Nagari sampun boten  angarubiru dhateng wontenipun wewejangan kawruh pasamaden, nanging  panindaking wejangan wau taksih kalestantunaken sarana dhedhemitan kados  kawursita ing nginggil. Mila lajeng angsal paparab saking panyedaning  titiyang ingkang boten remen, utami tiyang ingkang anglampahi  sarengating agami Islam, bilih wontening wejangan kawruh pasamaden wau  lajeng kawastan ilmu klenik. Purwo saking tembung klenik, lajeng  angandhakaken tembung abangan lan putihan. Ingkang kasebut abangan  punika tiyang ingkang boten nindakaken saraking agami Islam, dene  putihan mastani tiyang Jawi ingkang teluh manjing agami Islam sarta  anglampahi sadaya sarak sarengating agami Islam wau, inggih punika  ingkang kasebut nama santri. Mila santri karan putihan, margi miturut  panganggenipun titiyang agami Islam, bilih santri punika sarwo-sarwi  langkung resik utawi suci tinimbang kaliyan titiyang ingkang boten  angrasuk agami Islam.
Mangsuli wontening kawruh pasamaden anggenipun sanget winados,  menggah ingkang dados sababipun kapretalakaken ing nginggil. Dene yen  saleresipun ingkang nama wados-wados wau pancen boten wonten; dados  inggih kenging-kenging kemawon kawulangaken dhateng sok tiyanga, boten  mawang nem sepuh, serta kenging kawejangaken ing sawanci-wancinipun,  uger tiyang wau pancen ambetahaken kawruh pasamaden kasebat. Sebab  wontenipun sadaya punika supados kasumerepan dhateng ingakathah,  langkung-langkung kawruh pasamaden punika ingkang sanyata dados mukaning  sadaya kawruh. Mila wajib sinebar dados seserepaning tiyang nem sepuh  wadarin ing saindengipun, tanpa nawang andhap inggiling darajadipun.
Amarengi wahyaning mangsakala, wusana wonten kaelokaning lalampahan  ingkang boten kanyana-nyana; ing pawingkingipun bab kawruh pasamaden wau  lajeng muncul katampen dhateng tiyang Islam, margi yakin bilih kawruh  pasamaden wau, pancen musthikaning gagayuhan ingkang saged andhatengaken  ing kawilujengan, kamulyan, katentreman, lan sasaminipun. Mila kawruh  wau dening tiyang ingkang sampun suluh papadhanging raosipun inggih  punika Seh Sitijenar, ingkang ugi dados pramugarining agami Islam  apangkat Wali, lajeng kadhapuk ing ndalem serat karanganipun, ingkang  lajeng winastan daim, wirid saking tembung daiwan kasebut ing nginggil.  Punapadene lajeng kaewoaken dados saperanganing panembah, sarana dipun  wewahi tembungipun, lajeng mungel : salat daim (salat – basa arab, daim  saking daiwan basa Sansekrit). Milanipun dipun wewahi basa arab, namung  kawigatosan kangge mikekahaken kapitadosanipun murid-muridipun ingkang  sampun sami necep agami Islam. Punapadene tembung salat lajeng kapilah  kalih prakawis. Sapisan salat 5 wekdal, kasebut salat sarengat, ateges  panembah lahir. Kaping kalih salat daim, punika panembahing batos;  mangertosipun : anekadaken manunggaling pribadinipun, utawi kasebut  loroning atunggil.
Kitab karanganipun Seh Sitijenar wau lajeng kangge paugeraning  piwulang. Sareng sampun angsal kawigatosaning ngakathah, ing ngriku  salat limang wekdal lan sarak agami sanes-sanesipun lajeng kasuwak boten  kawulangaken babar pisan. Ingkang pinindeng namung mumuruk tumindaking  salat daim kemawon. Mila titiyang Jawi ingkang suwau manjing agami  Islam, langkung-langkung ingkang dereng, lajeng sami ambyuk maguru  dhateng Seh Sitijenar, margi piwulangipun langkung gampil, terang lan  nyata.
Wondene purwanipun Seh Sitijenar kaserenan kawruh pasamaden, ingkang  mijeni Kyai Ageng Pengging, sebab Seh Sitijenar punika mitradarmanipun  Kyai Ageng Pengging. Kawruh asamaden, dening Seh Sitijenar lajeng  katularaken Raden Watiswara, inggih Pangeran Panggung, ingkang ugi  apangkat Wali. Lajeng tunimbal dhateng Sunan Geseng, inggih Ki  Cakrajaya, tiyang asal saking Pagelen, ingkang kacarios saderengipun  dados Wali, Ki Cakrajaya wau pandamelanipun anderes nitis gendhis.  Salajengipun sumrambah kawiridaken dhateng ingakatah. Makaten ugi  sakabat-sakabatipun Seh Sitijenar ingkang sampun kabuka raosipun, dening  Seh Sitijenar kinen sami madeg paguron amiridaken kawruh pasamaden wau.  Sangsaya dangu sangsaya ngrebda, anyuremaken panguwaosing para Wali,  anggenipun amencaraken piwulang agami Islam. Yen kalajeng-lajeng masjid  saestu badhe suwung.
Ngawekani sampun ngantos wonten kadadosan ingkang makaten, temah Kyai  Ageng Pengging tuwin Seh Sitijenar sasekabatipun ingkang sami pinejahan  katigas jangganipun dening para Wali, saking dhawuhipun Sultan Demak.  Makaten ugi Pangeran Panggung boten kantun, kapidana kalebetaken ing  brama gesang-gesangan wonten samadyaning alun-alun Demak, kangge  pangewan-ewan murih titiyang sami ajrih, lajeng sami mantuni utawi  nglepeh piwulangipun Seh Sitijenar.
Kacariyos sariranipun Pangeran Panggung boten tumawa dening  mawerdining Hyang Brama, lajeng oncat medal saking salebeting latu  murub, nilar nagari Demak. Kanjeng Sultan Bintara tuwin para Wali sami  kablerengen kaprabawan katiyasaning Pangeran Panggung, temah  kamitenggengen kadi tugu sinukarta. Sareng sampun sawatawis tebih  tindakipun Sang Pangeran, Kanjeng Sultan tuwin para Wali saweg sami  enget bilih Pangeran Panggung kalis saking pidana, temah sami rumaos  kawon angsal sihing Pangeran. Katungka unjuking wadyabala, atur uninga  bilih Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya, kesah anututi lampahipun  Pangeran Panggung. Ing ngriku Kanjeng Sultan katetangi dukanipun, temah  dhawahing bendu, para sakabat tuwin murid-muridipun Seh Sitijenar  ingkang kapikut lajeng sami pinejahan. Ingkang boten kacepeng sami  lumajar pados gesang.
Para sakabatipun Seh Sitijenar ingkang taksih wilujeng kakantunanipun  ingkang sami pejah, ugi taksih sami madeg paguron nglestantunaken  pencaring kawruh pasamaden, nanging mawi sislintru tinutupan wuwulang  sarengating agami Islam, murih boten ka’arubiru dening para Wali  pramugarining praja. Dene piwulangipun kados ing ngandhap punika :
Pamulanging kawruh pasamaden ingkang lajeng karan salat daim,  karangkepan wuwulang salat limang wekdal tuwin rukuning Islam sanes-  sanesipun malih. Wewejanganipun salat daim wau lajeng winastan wiridan  naksobandiyah, dene panindaking piwulang kawastan tafakur. Saweneh  wonten ingkang pamulangipun ing saderengipun para murid nampi wiridan  salat daim, langkung rumiyin kalatih lampah dhidhikiran lan maos  ayat-ayat. Wiwit punika wuwulangan pasamaden
lajeng wonten wanrni kalih, inggih punika :
1. Piwulang pasamaden wiwiridan saking para sekabatipun Seh  Sitijenar, ingkang sarana tinutupan utawi aling-aling sarak rukuning  agami Islam. Wuwulangan wau dumuginipun ing jaman samangke sampun mleset  saking jejer ing sakawit, mila para guru samangke, ingkang sami  miridaken kawruh pasamaden, ingkang dipun santuni nama naksobandiyah  utawi satariyah, nginten bilih kawruh wau wiwiridan saking ngulami ing  Jabalkuber (Mekah). Salajengipun para Kyai guru wau, amastani guru  klenik dhateng para ingkang sami miridaken kawruh pasamaden miturut  wawaton Jawi pipiridan saking Seh Sitijenar. Punapadene para Kyai guru  wau nyukani paparab nama Kiniyai, pikajengipun : guru ingkang mulangaken  ilmuning setan. Dene nama Kyai, punika guru ingkang mulangaken ilmuning  para nabi.
2. Piwulang pasamaden miturut Jawi, wiji saking Kyai Ageng Pengging,  ingkang kapencaraken dening Seh Sitijenar (ingkang ing samangke karan  klenik), punika ing sakawit, ingkang dados purwaning piwulang, dumunung  wonten panggulawenthahing wawatekan 5 prakawis, kados ing ngandhap  punika :
1. Setya tuhu utawi temen lan jujur.
2. Santosa, adil paramarta, tanggeljawab boten lewerweh.
3. Leres ing samubarang damel, sabar welas asih ing sasami, boten  ngunggul-unggulaken dhirinipun, tebih saking watak panganiaya.
4. Pinter saliring kawruh, langkung-langkung pinter ngecani manahing  sasami-sami, punapadene pinter angereh kamurkaning manah pribadi, boten  anguthuh melik anggendhong lali, margi saking dayaning mas picis  rajabrana.
5. Susila anor-raga, tansah nganggeni tatakrami, maweh rereseping  paningal tuwin sengseming pamiharsa, dhateng ingkang sami kataman.
Lampah limang prakawis wau kedah linampahan winantu ing pujabrata  anandangaken ulah samadi, inggih amesu cipta angeningaken pranawaning  paningal. Awit saking makaten punika mila tumrap panindaking agami Jawi  (Buda), bab kawruh pasamaden tuwin lampah limang prakawis wau kedah  kawulangaken dhateng sadaya titiyang enem sepuh boten pilih andhap  inggiling darajatipun. Mila makaten, sebab musthikaning kawruh tuwin  luhur-luhuring kamanungsan, punika bilih tetep samadinipun, kuwasa  anindakaken lampah 5 prakawis kados kawursita ing nginggil. Temah kita  manggen ing sasananing katrenteman, dene wontening katentreman mahanani  harja kerta lan kamardikan kita sami. Yen boten makaten, ngantos  sabujading jagad, kita badhe nandhang papa cintraka, kagiles dening  rodha jantraning jagad, margi kacidraning manah kita pribadi.
Bab kawruh pasamaden ingkang lajeng karan wiridan naksobandiyah lan  satariyah, ingkang ing nguni wiwiridan saking Seh Sitijenar, sampun  ka’andharaken ing nginggil, namung kemawon tumandangipun boten  kawedharaken. Ing riki namung badhe anggelaraken lampah umandanging  samadi sacara Jawi, ingkang dereng kacarobosan agami sanes, inggih  punika makaten :
Para nupiksa, mugi sampun kalintu panampi, bilih samadi punika  angicalaken rahsaning gesang utawi nyawanipun (gesangipun) medal saking  badan wadhag. Panampi makaten punika, purwanipun mirid saking cariyos  lalampahanipun Sri Kresna ing Dwarawati, utawi Sang Arjuna yen  angraga-suksma. Mugi kawuninganana, bilih cariyos makaten punika tetep  namung kangge pasemon utawi pralambang.
Ing samangke wiwit wedharaken lampahing samadi makaten : tembung  samadi = sarasa – rasa tunggal – maligining rasa – rasa jati – rasa  nalika dereng makarti. Dene makartining rasa jalaran saking  panggulawenthah utawi piwulang, punapadene pangalaman-pangalam an  ingkang tinampen utawi kasandhang ing sadinten-dintenipun . Inggih  makartining rasa punika ingkang kawastanan pikir. Saking dayaning  panggulawenthah, piwulang tuwin pangalaman-pangalam an wau, pikir lajeng  gadhah panganggep awon lan sae, temah anuwuhaken tatacara, pamacak lan  sanes-sanesipun ingkang lajeng dados pakulinan. Punapa panganggep awon  sae, ingkang sampun dados tata-cara margi sampun dados pakulinan punika,  yen awon inggih awon sayektos, yen sae inggih sae temenan, punika  dereng tamtu, jer punika namung pakulinaning panganggep. Dene  panganggep, boten yekti, tetep namung ngenggeni pakulinaning tata-cara,  dados inggih dede kajaten utawi kasunyatan. Menggah pikajenganipun  samadi ing riki, boten wonten sanes namung badhe nyumerepi kajaten, dene  sarananipun boten wonten malih kajawi nyumerepi utawi anyilahaken  panganggep saking makartining rasa, kasebut sirnaning papan lan tulis.  Inggih ing riku punika jumenenging rasa jati kang nyata, kang yekti,  kang weruh tanpa tuduh. Wondene kasembadanipun kedah angendelaken ing  saniskara, sarana angereh solahing anggota (badan). Mangrehing anggota  wau ingkang langkung pikantuk kalihan sareyan malumah, saha sidhakep  utawi kalurusaken mangandhap, epek-epek kiwa tengen tumempel ing pupu  kiwa tengen, suku ingkang lurus, dalamakan suku ingkang tengen  katumpangaken ing dalamakan suku kiwa, mila lajeng kasebut sidhakep suku  (saluku) tunggal. Punapadene angendelna ebahing netra (mripat), inggih  punika ingkang kawastanan meleng. Lampah makaten wau ingkang kuwasa  ngendelaken osiking cipta (panggagas), tuwin amuntu ilining rahsa, dene  pancering paningal kasipatna amandeng pucuking grana medal saking  sa’antawising netra kakalih, inggih punika ing papasu, dene  pamandengipun kedah kalayan angeremaken netra kakalih pisan.
Sasampunipun lajeng nata lebet wedaling napas (ambegan) makaten :  panariking napas saking puser kasengkakna minggah anglangkungi cethak  ingga dumugi ing suhunan (utek = embun-embunan) , sarta mawi kaendelna  ing sawatawis dangunipun. Sumengkanipun napas wau kadosdene darbe raos  angangkat punapa-punapa, dene temenipun ingkang kados kita angkat,  punika ilining rahsa ingkang kita pepet saking sumengkaning napas wau,  menawi sampun kraos awrat panyangginipun napas, inggih lajeng ka’edhakna  kalayan alon-alon. Inggih patrap ingkang makaten punika ingkang  kawastanan sastracetha. Tegesipun cetha = empaning kawruh, cetha =  antebing swara cethak, inggih cethaking tutuk kita punika. Mila winastan  makaten, awit duk kita mangreh sumengkaning napas anglangkungi dhadha  lajeng minggah malih anglangkungi cethak ingga dumugi suhunan. Menawi  napas kita dipun ereh, dados namung manut lampahing napas piyambak,  tamtu boten saget dumugi ing suhunan, margi saweg dumugi ing cethak  lajeng sampun medhak malih. Punapadene ugi winastan daiwan (dawan),  pikajengipun : mangreh lebet wedaling napas ingkang panjang lan sareh,  sarwi mocapaken mantra sarana kabatos kemawon, inggih punika mungel `hu’  kasarengan kalihan lumebeting napas, inggih panariking napas saking  puser, minggah dumugi ing suhunan. Lajeng `ya’, kasarengan kalihan  wedaling napas, inggih medhaking napas saking suhunan dumugi ing puser,  minggah mandhaping napas wau anglangkungi dhadha lan cethak. Dene,  anggenipun kawastanan sastracetha, margi nalika mocapaken mantra sastra  kakalih : hu – ya, wedaling swara ingkang namung kabatos wau, ugi  kawistara saking dayaning cethak. (Ungeling mantra utawi panebut kakalih  : hu – ya, ing wiridan naksobandiyah kaewahan dados mungel, hu – Allah,  panebutipun ugi kasarengan lampahing napas. Dene ing wiridan satariyah,  panebut wau mungel : hailah – haillolah, nanging tanpa angereh  lampahing napas).
Menggah lebet medaling napas kados kasebut ing nginggil,  sa’angkatanipun namung kuwasa angambali rambah kaping tiga, mila  makaten, awit napas kita sampun boten kadugi manawi kinen anandangana  malih, jalaran sampun menggeh-menggeh. Dene manawi sampun sareh, inggih  lajeng ka’angkatana malih, makaten salajengipun ngantos marambah-rambah  sakuwawinipun, margi saya kuwawi dangu, sangsaya langkung prayogi  sanget. Dene sa’angkataning pandamel wau kawastan : tripandurat,  tegesipun tri = tiga, pandu = suci, rat = jagad – badan – enggen,  suraosipun : kaping tiga napas kita saget tumameng ing ngabyantaraning  ingkang Maha suci manggen ing salebeting suhunan (ingkang dipun suwuni).  Inggih punika ingkang kabasakaken paworing kawula Gusti, tegesipun :  manawi napas kita sumengka, kita jumeneng gusti, yen tumedhak, wangsul  dados kawula. Bab punika para nupiksa sampun kalintu tampi ! Menggah  ingkang dipun wastani kawula gusti punika dede napas kita, nanging  dayaning cipta kita. Dados ulah samadi punika, pokokipun kita kedah  amanjangaken panjing wijiling napas (lebet wedaling napas), kalihan  angeningaken (ambeningaken) paningal, sebab paningal punika kadadosan  saking rahsa.
Wondene patraping samadi kados kasebut ing nginggil wau, ugi kenging  karancagaken, uger kita tansah lumintu tanpa pedhot mangeh panjing  wijiling napas, kalihan lenggah, lumampah, utawi nyambutdamel inggih  kedah boten kenging tilar mangreh lebet wedaling napas wau, ingkang  sarana mocapaken mantra mungel : hu – ya, kados ingkang kajarwa ing  nginggil.
Kajawi punika, wirid saking tembung daiwan punika ugi taksih darbe  maksud sanesipun malih, inggih punika ateges panjang tanpa ujung, utawi  ateges langgeng. Dene pikajengipun amastani bilih wontening napas kita  punika sanyata wahananing gesang kita ingkang langgeng, inggih wontening  ambegan kita. Dene ambegan punika, sanyata wontening angin ingkang  tansah mlebet medal tanpa kendel, ingkang sasarengan kalihan keketeg  panglampahing rah (roh). Bilih kakalih wau kendel boten makarti nama  pejah, inggih risaking badan wadhag wangsul dados babakalan malih. Mila  sayogyanipun lampahing napas inggih ambegan kita ingkang tansah mlebet  medal tanpa kendel, kedah kapanjang-panjangan a lampahipun, murih  panjanga ugi umur kita, temah saget awet wonten ing donya tutug  panyawangipun dhateng anak, putu, buyut, canggah, wareng, ingkang  babranahan.
Wontenipun andharan ing nginggil, mratelakaken bilih kawruh pasamaden  punika sanyata langkung ageng pigunanipun, mila lajeng sinebut  sastrajendrayuningr at pangruwating diyu. Tegesipun sastra = empaning  kawruh, jendra = saking panggarbaning tembung harja endra. Tegesipun  harja = raharja, endra = ratu – dewa, yu = rahayu – wilujeng, ningrat =  jagad – enggen – badan. Suraosipun : Musthikaning kawruh ingkang kuwasa  amartani ing karahayon, kaharjan, katentreman lan sapatunggalipun. Dene  tegesesipun pangruwating diyu = amalihaken diyu; dene diyu = danawa –  raksasa – asura – buta, punika kangge pasemoning piawon, penyakit,  rereget, babaya, pepeteng, kabodhohan lan sanesipun. Dados diyu punika  kosokwangsulipun dewa, engkang ateges pinter, sae, wilujeng lan  sapanunggilipun. Mengku suraos amastani ingkang saget anyirnakaken  saliring piawon tuwin samubarang babaya pekewed. Mangertosipun, sinten  ingkang tansah ajeg lumintu anandangaken ulah samadi, punika bilih ing  suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun, malih dados tiyang sae  lampahipun. Tiyang sakit sirna sakitipun, dados saras, tiyang murka  daksiya lajeng narimah sabar, welasasih. Tiyang goroh lajeng dados  temen. Tiyang bodho dados pinter. Tiyang pinter dados pinter sanget.  Makaten ugi tiyang golongan sudra dados waesia, waesia dados satriya,  satriya dados brahmana, brahmana sumengka pangawak braja asarira  bathara.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
 


 
 
 
 
 Postingan
Postingan
 
 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar